Dialog: Arep Kencot Ora (Basa Ngoko Cilacapan) – Norman Adi Satria
Karya: Norman Adi Satria
AREP KENCOT ORA (Dialog)
Karya : Norman Adi Satria
Mamake : Mbrong, kowe arep mangan ora?
Jimbrong : Ora, Mak..
Mamake : Bocah koh angel temen nek ditawani mangan..?!
Jimbrong : Genah durung kencot koh ya..!
Mamake : Ya wis, siki Mamak takoni, kowe arep kencot ora?
Jimbrong : Lha, Mamake jan.. Ana maning wong takon arep kencot ora.. Tembe krungu pisan kiye sumpah..
Mamake : Mamake serius kiye, Mbrong, Jimbrong!!! Kowe arep kencot ora?
Jimbrong : Ya arep ya.. Masa ana wong ora arep kencot.. Kencot kuwe otomatis, Mak.. Otomatis.. Terus kepriwe?
Mamake : Ya berarti nek kowe arep kencot, ya kowe arep madang..
Jimbrong : Ya, nek kencot enggko enyong madang, Mak.. Otomatis kuwe..
Mamake : (nangis) Hiks..Hiks..
Jimbrong : Deneng malah nangis sih, Mak?
Mamake : …. (lunga mlipir meng ruang makan.)
Jimbrong : (ngintip) Masya Allah.. Aku jan kelalen sumpah, kelalen..
Biyen pas bapak esih ana, enyong biasa mangan bersama.. Saiki ora tau maning..
Mamake mesti mangan dewekan.. Enyong malah dolanan PS bae ora mandeg-mandeg.. Nyuwun pangapura ya Gusti…
Mamake : (ndeleng Jimbrong melu nangis nang gawangan lawang)
Jimbrong : (medeki Mamake) Siki enyong arep kencot ora kencot, tetep arep mangan, Mak..
Enyong arep mangan bareng Mamake..
Ora ketang saben dina mangan jangan kacang bae, sing menting bisa mangan bersama.. (ngrangkul Mamake karo nangis)
Mamake : Iya, Mbrong (nangis karo ngelus rambute Jimbrong)
—- Kadang orang tua memiliki keinginan-keinginan kecil untuk kita lakukan..
Sebagian besar dari kita selalu menjawab, “ingin membahagiakan orang tua”, saat ditanya, “apa yang menjadi keinginan utamamu?”.
Tapi kita tak pernah sadar bahwa keinginan orang tua kepada kita tidak selalu besar..
Bekasi, 23 Juni 2012
Kumpulan Puisi Norman Adi Satria
Reblogged this on standupuisi.
SukaSuka
Reblogged this on nontonpuisi.
SukaSuka
Reblogged this on Puisi Si Cantik.
SukaSuka
Reblogged this on Best Romantic Poetry.
SukaSuka
Reblogged this on Kumpulan Puisi Cinta Paling Galau.
SukaSuka
fakta dan sangat realistis. Saya SUKA.
SukaSuka